Prabu Yudhistira/Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane:
Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja,
Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru. Prabu Puntadewa iku putrane
Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nakibrata.
Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane
Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu
Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.
Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas,
lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi
diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake.
Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa
dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane
Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa
tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah
Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi
jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking
liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane
seta. Saking sucine uripe.
Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada
Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba
iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan
payung Tunggulnaga.
Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu
Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani
setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata
Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang
karukunan.
Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng
perang. Nalika perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati
tanding karo Prabu Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa
kang unggul.
Raden Puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh
piyambak. Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar
minangka putra ingkang saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, saha
mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken prekawis agami. Pramila ingkang
dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila legawa. Minangka putra
pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta sanget asihipun
dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para rayi kanthi raos asih.
Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani kaliyan para sesepuh, dipunajeni
kaliyan para rencang, saha dipunbekteni dening para ingkang anem. Awak-awakipun
kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus
ules pethak mratandhani sucining manah.
Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.
Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.
Comments
Post a Comment